Lockdown



gkjw-lockdown-psbb-covid19-virus

Waosan 1 : YESAYA 50:4-9a
Waosan 2 : MATIUS 27:21-26
Tema : LOCKDOWN

Ibu/bapak/sedherek kekasihipun Gusti,
Kacariyos nalika tlatah Wuhan, China minangka papan wiwitanipun virus Corona kedadosan, ing papan menika dipun wontenaken tindakan lockdown utawi karantina total kangge sedaya warganipun supados boten nyebar lan saged enggal-enggal dipun tangani. Sedaya warganipun sami tertib, boten wonten ingkang kesah, sedaya sami wonten griyanipun piyambak-piyambak. Saben sonten nalika srengenge angslup tiyang-tiyang ing Wuhan sami mbikak jendela lajeng sami uluk salam lan keplok kangge nyemangati tanggi-tepalihipun lan ugi para dokter-paramedis ingkang sampun makarya ing dinten punika. Pranyata tumindak menika ugi dados salah satunggal faktor satemah ing Wuhan saged cepet sanget proses pulihipun. Saestu satunggal paseksi ingkang sae.

Ananging menawi kita mirsani kahanan samangke, ugi kathah ingkang kedadosanipun benten kaliyan cariyos ing nginggil wau. Samangke ugi wonten tiyang ingkang remen nindakaken ujaran kebencian kangge tiyang ingkang boten diremeni, sami nindakaken bullying (pelecehan sacara verbal/kata-kata lan ugi fisik) utawi sami nyinyir (sindiran). Lha wong Presiden Jokowi kemawon asring dados sasaran perkawis punika, punapa malih kangge tiyang-tiyang alit! Respon/tanggapanipun mawerni-werni. Wonten ingkang langsung protes lan nuntut sacara hukum, wonten ingkang mendel kemawon, malah wonten ugi ingkang remen dipun-bully! (wah… menawi ingkang terakhir menika tamtu sampun mengarah dateng kejiwaan/psikologis priyantunipun).

Pancen kita boten saged mengendalikan perkawis-perkawis saking njawi kita. Ingkang saged dipun kontrol nggih respon utawi tanggapan kita. Menika ingkang sejatosipun dados gambaran dhiri kita ingkang sejati. Nabi Yesaya paring piwulang supados kita kados murid ingkang mbangun turut lan nyantosaaken ingkang semplah klayan pitembungan kita (Yes 50:4). Sanadyanta bakal ngadepi mawerni-werni panganiaya ananging tansah pitados bilih Gusti Allah bakal paring pitulungan (ay.7). tumindak menika ingkang ugi dipun lampahi dening Gusti Yesus ing ngajengipun Pilatus lan tiyang kathah ingkang kepingin nyalib Gusti. Swasana kala samanten saestu nggegirisi. Gusti piyambakan lan aben ajeng kaliyan tiyang kathah ingkang sampun ngigit-igit kepingin mejahi Gusti. Sami saur manuk bengok-bengok lan sampun boten purun diparingi katrangan/fakta bilih Gusti Yesus boten gadhah kaluputan. (Mat 27:22-23)

Punapa ingkang dipun tindakaken dening Gusti Yesus ing kahanan punika? Mangga sami maos Filipi 2: 7 ‘’nanging malah wus nyuwungake Sarirane piyambak, lan ngagem sipating abdi, sarta dadi padha karo manungsa’’. Nyuwungaken sarira ing istilah Yunani kasebat Kenosis ingkang tegesipun ngasoraken dhiri ngantos andhap sanget. Sinaosa nggadahi sipating Allah (Filp 2:6) ananging boten dikekahi. Sipat Allah dipun LOCKDOWN satemah ingkang ketawis namung manungsa ingkang andhap asor. Sanadyan dipun supata (hujat) tiyang kathah boten duka, tansah nresnani lan boten badhe mbales. Unen-unen SING WARAS NGALAH saestu dipun lampahi dening Gusti Yesus.

Ibu/bapak/sedherek para kekasihipun Gusti,
Sumangga ing pengetan Minggu Palmarum (Minggu Prapaskah pungkasan) punika kita sansaya nuladani Gusti Yesus. Ing satengah kahanan ingkang sarwa kisruh kados mekaten, boten perlu kita nambahi supados sansaya kisruh. Daripada mengutuki kegelapan lebih baik berusaha menjadi lilin yang membawa terang. Malah kita perlu mbudidaya gesang kados murid ingkang purun mbangun miturut karsanipun Gusti kita. Menawi wonten raos/niat ala, enggala sadhar bilih punika panggodaning dosa. Mangga dipun tebihi. Kasunyatanipun ingkang perlu dipun lockdown boten namun lingkungan/griya kita kemawon ananging ugi kawiwitan saking pangrasa, pangucap lan tumindak kita ingkang ala! Sampun ngantos kita kadya tiyang Yerusalem ing kala samanten ingkang wiwitanipun sami asurak nyambut rawuhipun Gusti klayan ‘’Hosana, binerkahana ingkang rawuh awit saking Asmaning Pangeran !’’ ananging sawetawis dintenipun malih dados ‘’kasaliba !’’ Pilihan samangke wonten ing asta kita piyambak-piyambak, badhe nyebar kabar kasaenan ingkang sarwi optimis utawi nyebar hoax lan ujaran kebencian ingkang ndadosaken tiyang sansaya pesimis lan semplah?

Mugi pepadhangipun Gusti nuntun mring kita sedaya. Amin.

Pdt. Argo Daniel Satwiko, GKJW Bulusari

Title: Lockdown
Permalink: https://gkjw.org/53-lockdown-psbb-covid19-virus/
Category: Renungan