Ajrih



sembunyi-takut, Gerakan Warga GKJW, Gerakan Warga GKJW.org

Waosan : Yokanan 14:15-21
Tema : AJRIH

Raos ajrih punika dados salah satunggal wujuding emosi ingkang paling wiwitan dipun raosaken dening manungsa. Raos ajrih lan kuwatos punika menawi boten dipun tata saged dados penyakit ingkang naminipun fobia. Sawetawis fobia ingkang asring dipun raosaken dening tiyang kathah inggih punika : ophidiofobia (ajrih dateng sawer/ula), acrophobia (ajrih ing papan ingkang inggil), cynofobia (ajrih dateng segawon), aerofobia (ajrih nalika nitih pesawat terbang) lan trypanofobia (ajrih dateng dom suntik).

Wonten satunggal fobia ingkang sampun dipun raosaken malah wiwit nalika taksih lare alit/bayi, punika kasebat autofobia ingkang tegesipun ajrih piyambakan. Asring bayi punika nalika tilem lajeng tangi lan madosi tiyang ing sacelakipun, nalika dangu boten pinanggih tiyang sanes (tiyang sepuhipun) mila bayi punika lajeng nangis krana ajrih. Saking prastawa punika ketawis bilih manungsa punika ing pigesangan padintenan tansah mbetahaken sesaminipun. Mila manungsa punika kasebat minangka makhluk sosial.

Saking waosan kita dinten punika ugi ngatingalaken sesambetan antawisipun Gusti Yesus lan para sekabat. Waosan punika wonten ing setting dhawuh pungkasanipun Gusti Yesus saderengipun seda sinalib. Ing ngriku Gusti Yesus paring janji bilih boten bakal nilar para pendherekipun. Kowe ora bakal Daktinggal lola. Aku bakal mbaleni kowe. (Yok 14:18). Swasana ingkang kawangun ing ngriki inggih swasana ajrih dipun tilar lan ajrih nilaraken. Ingkang ajrih dipun tilar inggih punika para sekabat, dene ingkang ajrih nilaraken karaosna dening Gusti Yesus. Punika sesambetan ingkang elok sanget minangka sesambetan ingkang kebak ing katresnan. Cobi kemawon, sinaosa Gusti Yesus punika Allah pribadi, ananging kamanungsanipun punika ugi ketawis nalika ajrih badhe nilar para sekabat pendherekipun. Lah supados para sekabat boten ajrih lan kuwatos mila Gusti Yesus aprajanji bakal badhe maringaken Juru Panglipur inggih punika Sang Roh Suci minangka Rohing Kayekten. (ay.16-17a)

Janji punika ingkang dados cepengan kita supados boten ngraosaken ajrih nalika ngadhepi mawerni-werni momotan gesang. Wontenipun Sang Juru Panglipur peparingipun Gusti Yesus kangge kita ndadosaken kita sansaya tatag ngadhepi mawerni-werni perkawis punika. Wontenipun Sang Juru Panglipur peparingipun Gusti Yesus dados bukti bilih kita boten piyambakan.

Mila kangge mungkasi renungan punika sumangga sesarengan kita memuji saking Kidung Ria nomer 56 :
Yesus itulah satu-satunya penolongku yang sungguh
Ia berjanji akan kembali, angkat kita semua.
Ooo… Haleluya, Puji Tuhan, upahmu besar di sorga
Ooo… Haleluya, Puji Tuhan, tempatmu mulia di sorga.

Pdt. Argo Daniel Satwiko, GKJW Bulusari

Title: Ajrih
Permalink: https://gkjw.org/26-ajrih/
Category: Renungan