Gusti Mangertos Kabetahan Kita



Gusti Mangertos Kabetahan Kita, Gerakan Warga GKJW, UMKM GKJW.org

Bacaan : Matius 4: 12-22

Wonten wartawan ingkang wawan rembag kalian salah satunggaling pasien ing griya sakit, "Miturut sampean, Gusti Allah kuwi apa lan sapa dik?" Pasien punika paring wangsulan, "Gusti Allah kuwi Maha tabib, sing mesti paring bagas kasarasan lan kakuatan nalikane wong lagi nandang lara. Panjenengane kuwi ngluwihi dokter, merga Panjenengane sing uga nitahke dokter".

Lajeng wartawan punika tindak tumuju dumateng markas tentara lan munjuk pitaken dumateng suradadu, "Miturut komandan, sinten lan kados pundi Gusti Allah punika?" Panjawapipun komandan kalawau, "Gusti Allah kuwi kang tansah paring panguwasa, sarta panguwasane sadengah jagad, sing tansah maringi kamenangan marang sapa bae sing nyenyuwun kamenangan. Merga aku tansah kuat lan menang ing sadengah paperangan".

Salajengipun wartawan punika manggihi satunggal guru SMA, lajeng munjuk pitaken, "Miturut bu guru, Gusti Allah punika sinten lan kados pundi bu?" Atur wangsulanipun, "Gusti Allah menika sumbering ilmu, dasaring pangerten, guru kang maha linuwih kang paring pepadhang, kapinteran tumrap sadengah manungsa kang ngelmu".

Ing pungkasanipun bapak ibu, wartawan punika ndugeni tiyang kanthi sandangan ingkang reged saweg mikul kranjang saweg lelampahan ing satengahing kampung. Nalika dipun tangleti, "Sinten lan kados pundi Gusti Allah punika?", piyambakipun paring panjawab kanthi pasemon bilih, "Gusti Allah punika kados tukang rombeng barang bekas. Lumebet ing satengahing dusun saperlu ngluroni samubarang piranti bekas ingkang sampun risak lan reged, sampun mboten kangge. Dipundut, menawi meksa ditumbas, sakperlu diresiki, dipundandosi supados migunani malih kados sakderengipun".
Wartawan punika bingung mireng panjawabipun tukang rombeng punika, "Kengeng apa Gusti Allah dipadakne karo tukang rombeng, Apa Gusti Allah yo asor banget kaya tukang rombeng?". Mekaten batosipun wartawanipun satunggal majalah ingkang samangke sampun bangkrut.

Winatesipun pamikir kita mangertosi karsa lan rancanganipun Gusti, kawinatesan punika asring ndadosaken kita klintu pemanggih tumrap sadengah prastawa ingkang kedadosan ing pigesangan punika. Malah-malah punapa ingkang kita panggihi asring sak kosokwangsulipun kaliyan ingkang kita ajengaken. Tamtunipun sadaya punika karana pamanggih kita tumrap karsanipun Gusti ingkang namung sak perangan bagean kemawon, utawi karana kapentingan ing wekdal saklerapan kemawon.

Nalikane Gusti Yesus sumingkir dateng Galilea karana mireng Yokanan ingkang sampun katigas mustakanipun dening Prabu Herodes Antipas, mbok bilih sawetawis tiyang namung nggalih sacara politik badhe nginten menawi Gusti Yesus sumingkir supados saged nebih lan uwal saking panguwaosipun Herodes ingkang brangasan. Pramila supados tentrem, Gusti Yesus sumingkir dateng Galilea.

Kasunyatanipun menawi purun digalih langkung lebet, wonten perkawis adi ingkang badhe kagayuh dening Gusti Yesus sakperlu paring kawilujengan dumateng umat ingkang dipuntresnani saking panguwaosing jagad, inggih prakawis ingkang suwaunipun nengsemaken, nanging dangu-dangunipun tansaya njiret dateng panyiksa. Jengkaripun Gusti Yesus dateng Galilea tamtu mboten sakdermo nginggati derdah kaliyan Herodes, ananging wonten karsa ingkang langkung wigati kagayuh inggih punika sakperlu memucal, nggulawentah, ngintun pawartos bab kawilujengan dumateng tiyang-tiyang ingkang dereng tepang sinten sejatosipun Gusti Yesus punika. Nalikaning Gusti Yesus manggen sawetawis ing Kapernaum, pramila tiyang-tiyang ing Kapernaum saged gepok senggol lan pinanggih sacara langkung raket kaliyan Gusti Yesus. Mboten namung tirose tiyang sanes arupi pawarta.
Gusti Yesus mboten namung saged nepangaken pribadinipun, ananging langkung saking punika saged memucal, nggulawenthah lan nindakaken pitulungan nyata kangge tiyang ingkang mbetahaken pitulungan.
Malah ingkang langkung ngedap edapi ing ayat 18 lan 22 paring paseksi kadospundi kalajenganipun Gusti Yesus mlebet ing Galilea. Panjenenganipun sampun miji siswa-siswaniPun supados pranata panggulawenthaipun saged langkung trep tumapak malih dumateng tiyang-tiyang sanes lumantar para sakabatipun. Matemah tanah Zebulon, Naftali saindenging Galilea ingkang suwanipun mboten tepang Gusti Yesus, samangke saged aben ajeng kaliyan Gusti Yesus, pitados, langkung saking punika nampi waris piwulangipun Gusti Yesus. Langkung mangertosi sacara nyata bab bleger lan jiwaniPun Gusti Yesus punika kados pundi.

Tamtunipun kita mangertosi tumrap pamecanipun Nabi Yesaya gegayutan kaliyan uwalipun bangsa-bangsa ingkang katindes, bangsa ingkang lumampah ing satengahing pepeteng sampun nampi pepadhang kang mulya. Bab punika kajangkepi kanthi rawuhipun Gusti Yesus ing jagad. Miwiti saking Galilea dumugi kitha-kitha ing njawinipun Nazaret.

Tegesipun bilih menawi kita mangertosi karsanipun Gusti Allah ingkang langkung "universal", tamtu kita mangertosi bilih sumingkiripun tumuju dumateng Galilea saperlu miwiti pakaryan ingkang langkung ageng malih nggayuh umat sajagad. Bapak ibu ingkang kinaasih, kita sami nyumerepi bilih Gusti Yesus nrawuhi saben tiyang miturut kabetahanipun cunduk kaliyan reribet lan pambengan ingkang saweg mengkoni gesangipun. Namung kemawon ingkang dados underan, kita mangertosi Gusti Yesus punika namung karana kabetahan kita? Utawi wanci mangertosi Gusti Yesus ingkang kuwaos mengkoni jagad punika lan mangertosi kabetahanipun manungsa?

Bapak-ibu-tuwin sederek ingkang kinasih…
Kito asring mboten saget paring kesimpulan ugi sacoro pribadi, SINTEN GUSTI YESUS meniko tumrap kito?

Kathah tiyang ingkang ningali Gusti Yesus meniko namung miturut menopo ingkang dipun kajengaken sacoro pribadi, sami kaliyan pemanggih ing inggil kolo wau. Lajeng ugi wonten ingkang mboten kagungan gegambaran babar pisan, Sinten Gusti Yesus meniko wonten ing gesangipun.

Pramila punika nabi Yesaya ndawuhaken bilih mboten selaminipun pepeteng badhe mengkoni, karana Gusti Allah badhe paring pepadhang, inggih punika lumantar rawuhipun Gusti Yesus. Pitakenanipun kangge kita, "Punapa kita estu-estu mangertosi, ngupadi madosi lan mbangun turut dumateng Gusti Yesus?"

Gusti Yesus meniko Wilujeng, Sang Shalom (Sang Pemberi Damai dalam hidup), Ugi Gusti Yesus dados Tiyang sepuh kito ingkang tansah Ngrimat gesang kito saben dinten, Sang Pemberi solusi atas sedoyo perkawis gesang kito.

Menopo taksih wagah-wigih ing pitados kito?… Sumonggo kito tansah terus gegilut ing gesang kito.
Gusti mberkahi. Amin

Oleh: Pdt Joko Hadi
GKJW Pesanggaran
embeumkm.com

Title: Gusti Mangertos Kabetahan Kita
Permalink: https://gkjw.org/544-gusti-mangertos-kabetahan-kita/
Category: Renungan