Gesang Enggal



Gesang Enggal, Gerakan Warga GKJW, UMKM GKJW

Bacaan : Yohanes 3 : 1 – 17

Kapan panjenengan gesang enggal? Wekdal baptis, sidi, mantenan. Kapan?
Bok menawi, sacara lair boten wonten ingkang benten saking Nikodemus saderengipun lan sasampunipun tepang kaliyan Gusti Yesus, nanging kita saged sinau saking Nikodemus:

1. Nikodemus tiyang ingkang purun nyinaoni gesang.
Nyinaoni gesang dipun betahaken ing sajroning gesang punika, kados aturipun Sokrates (470-399 sM) “urip kang ora tau disinaoni, kuwi kasebut urip kang ora pantes diuripi”. Mandeng saking bab pangwasa agami, cekap sanget kangge Nikodemus bombong kaliyan bab lenggahipun minangka pangarsaning agami Yahudi. Ananging, Nikodemus purun nilar kalenggahanipun. Piyambakipun purun manggihi Gusti Yesus, nyisihaken wekdal lan wawan rembag kaliyan Gusti Yesus. Manggihi Gusti Yesus tamtunipun ndhatengaken satunggaling prekawis piyambak menawi kacundhukaken kaliyan lelampahan ingkang dipun gadhahi dening Nikodemus. Ananging bab punika boten ndadosaken niatipun anggenipun nggadhahi krenteg manggihi Gusti Yesus. Tegesipun, pancen Nikodemus tiyang ingkang mulang nanging purun sinau.
Ing sajroning gesanging tiyang agami, punapa kita cekap lan rampung anggen kita ngapalaken ayat-ayat Kitab Suci, supados kita kasebat katam, ugi ukum-ukum pranata agami, masia ta bab punika inggih wigati. Iman kapitadosan, kajaba yakin, ugi prelu dipun gegilut saben wayah, saengga kapitadosan kita boten cethek, lajeng fanatik sempit lan nuwuhaken fundamentalisme agami utawi mabok agama ingkang kebat kliwat, ingkang malah ndhatengaken cecongkrahan ing salebeting gesang, nalika mandeng ingkang beda.
Kados pundi bab PA (Pemahaman Alkitab) ing salebeting greja? Dados sarana mangertosi dhawuhipun Gusti utawi dados sarana padudon? Sumangga kita ngrasuk agami punika srana boten ngicalaken bab pitepangan kita kaliyan Gusti Allah, sarta ngupaya terus supados kita saged ngetingal kanthi caranipun Sang Kristus. (bdk. Filipi 2: 5-8). Sampun manggihaken Gusti Allah ing dalem Sang Kristus Yesus, tamtu sanes pangupaya ingkang pungkasan, nanging punika wiwitaning pangupaya kangge nyinaoni gesang, dados tiyang ingkang purun sinau, senajan ta Nikodemus punika juru pamulang, malah-malah pangarsaning agami Yahudi.

2. Nikodemus tiyang ingkang purun ngewahi gesangipun
Ing waosan dinten punika, pancen boten wonten ewah-ewahan sacara langsung saking Nikodemus. Wiwit ayat 5-21 kita manggihaken piwucalipun Gusti Yesus. Nanging bab Nikodemus, bilih pasinaon ing salebeting gesangipun boten namun lamis, kados dene Ahli Toret lan Farisi umumipun (bdk. Yohanes 8:6). Nikodemus pancen dereng mangertosi bab karohanen, nanging pepanggihan kaliyan Gusti Yesus, mesthinipun ngewahi gesangipun.
Cetha bilih ing tembenipun, pepanggihanipun Nikodemus kaliyan Gusti Yesus saged ngewahi gesangipun. Katrangan bab Nikodemus wonten malih ing Yohanes 7:45-52, Nikodemus wantun nyaruwe paukuman ingkang dipun dhawahaken dhateng Sang Kristus tanpa mirengaken katrangan saking Gusti Yesus babar pisan. Nikodemus wantun ngraosi Toret, ingkang sadangunipun punika dados sarana kayekten tunggal, ”punapa angger-angger kita ngukum tiyang, saderengipun tiyang punika dipun priksa sarta dipun yektosi paratingkahipun?” (Yoh 7:51). Katrangan bab Nikodemus ingkang pungkasan ing Injil Yohanes 19:40 nuduhaken bilih Nikodemus ngukub layonipun Gusti Yesus lan diulesi ngagem lawon ing sariranipun Gusti Yesus. Nikodemus ugi Yusuf Arimatea ingkang ngrukti layonipun Gusti Yesus Kristus.
Pitados punika wigati, ananging iman ingkang boten ngewah-ngewahi punapa-punapa ing sajroning gesang punika, prelu kita takenaken ing sajroning batos kita. Pracaya Gusti Allah punika inggih pracaya bilih Roh Suci Allah ingkang gesang saged lan karenan ngrasuki kapribadenipun manungsa lan paring ewah-ewahan. Ing ngriki, gesang enggal/lair enggal sanes proses sedinten rampung, kados wisuda, ingkang kita enget-enget tanggalipun. Ananging gesang enggal inggih proses mujudaken karsanipun Gusti ing gesang kita saben ari. Menawi rahmatipun Gusti enggal saben ari, saben ari ugi kita kaenggalaken dening katresnanipun Gusti Allah. Bab kratoning Allah, kanggenipun tiyang ingkang ngrasuk gesang enggal dipun mangertosi sanes hadiah saking Gusti Allah, nanging kawontenan gesang kaliyan Gusti Allah”

Gesang Enggal ing Pranata GKJW
Ing pranata GKJW, bab sakramen, langkung katengen tembung hidup baru, sanes lahir baru. Ing katranganipun, “hidup baru” adalah hidup yang diberikan oleh Tuhan Allah kepada orang yang menjadi milik-Nya dalam kematian dan kebangkitan Yesus Kristus yang penuh dengan pengampunan, penyucian manusia dari dosa dan pengharapan akan kehidupan yang kekal.
Gesang enggal punika ngetingal ing gesang saben ari. Mujudaken gesang enggal punika boten krana kapeksa lan krana kuwajiban, ananging krana kabetahan. Punika ateges, ing salebeting sakramen (Bujana Suci) kita kaatag tansah ngudi sesambetan kaliyan Gusti, lan saking sesambetan punika tuwuh tindak tanduk becik ing gesang saben ari. Saged kaaturaken bilih sesambetan punika nemtokaken tumindak.
Sugenng mangun sesambetan srana laku. Gusti Mberkahi. Amin.

Gambar saking David Alberto Carmona Coto – Pexels

Kiriman Pdt. Joko Hadi, GKJW Pesanggaran

Title: Gesang Enggal
Permalink: https://gkjw.org/404-gesang-enggal/
Category: Renungan