Kamulyaning Gusti Wonten ing Gesang



Kamulyaning Gusti Wonten ing Gesang gkjw

Bacaan : Matius 17: 1-9

Kito asring nggumun naliko manggihi prastowo2 ingkang naliko kito tingali asring2 mboten kados limrahipun. Naliko rame2 rumiyen wonten penampakan wajah Gusti Yesus wonten ing langit (duko leres menopo mboten) lajeng dipun paring makna ingkang mawarni-warni. Raos nggumun ingkang kados mekaten mboten klentu, awit pinci naliko Tokoh gesang kito lajeng kados2 nedahaken kamulyanipun, lajeng kito rumaos bingah sanget.

Bapak-ibu-sederek ingkang kinasih,
Pasamuwan kagunganipun Gusti, Kesaksianipun Injil Matius 17; 1 – 9 meniko, saget kito tingali wonten peristiwa ingkang ajaib. Peristiwa meniko peristiwa ingkang penuh misteri lan luar biasa. Peristiwa kamulyaning Gusti Yesus ingkang dipun sekseni dening 3 sekabatipun (Petrus, Yakobus, Yohanes).

Peristiwa meniko peristiwa ingkang sanget penting wonten ing sejarah Gereja, inggih ngantos sameniko Gereja-gereja Timur (gereja-gerejo wonten ing Timur Tengah) ugi grejo-grejo Barat, merayakan peristiwa pemuliaan meniko. Gerejo-gerejo Timur (gereja Ortodok, gereja Koptik) meniko nyebat Perayaan Perubahan Rupa meniko kalian nami Perayaan Taborian, awit gadahi pemanggih bili Gusti Yesus ngalami Perubahan Rupa meniko wonten ing gunung Tabor ingkang celak kaliayan Kaesarea Filipi, pramilo meniko perayaanipun kasebat Perayaan Taborian.
Nanging wonten ingkang nyebat sanes gunung Tabor nanging Gunung Hermon, awit gunung Hermon panggenanipun langkung celak kalian Kaesarea Filipi.

Bapak-ibu-sederek ingkang kinasih,
Peristiwa ingkang kaserat wonten Injil Matius 17; 1 – 9 meniko Bab Gusti Yesus Kamulyaake lajeng Pasuryaning Mencorong koyo Srengenge. Gusti Yesus pepanggihan kaliyan Musa dan Elia.
Ngantos ing samengke taksih tetep dados bahan diskusi ingkang katha maknaipun.
Wonten ing wedal sakmeniko sumonggo kito maknai sesarengan bab meniko;

Pertama :
1. Gusti Yesus namung ngajak 3 sekabat; Petrus, Yohanes, Yakobus.
2. Peristiwa meniko saget kasebat SAH bilih wonten 2-3 saksi.

Kaping kalih :
Wonten ing prajanian lami (PL) bilih umatipun Gusti pitados bilih Musa lan Elia meniko tokoh ingkang ageng sanget. Musa meniko ingkang nampi 10 hukum (10 angger-angger) saking Gusti, lan Elia meniko Nabi ingkang tansah nyaketaken sesambetanipun umat Israel kalian Gusti Allah.
Kekalih tokoh meniko nedahaken bilih pangajeng-pangajeng umatipun Gusti wiwit jaman Musa dan jaman Elia meniko tergenapi wonten ing Gusti Yesus.
Meniko peristiwa ageng ingkang dados kabingahanipun umat menungso, inggih meniko pangajeng-ajeng bab kawilujengan manungso sampun manggihi jawaban. Inggih meniko Gusti Yesus meniko Sang Juru Slamet umat manungso.

Kaping Tigo:
Naliko Petrus ninggali bilih Gusti Yesus reraosan kalian Musa lan Elia, lajeng Petrus rumaos gumun sanget awit meniko sesawangan ingkang mboten nate dipun tinggali saderengipun. Musa tuwin Elia ingkang gesang kinten-kinten 1500 tahun kepengker sameniko Petrus saget mirsani kanthi jelas sanget wonten ing sangajenge mripatipun.
Lajeng piyambakipun nyuwun dumateng Gusti supados saget damel kemah 3 kagem Guati, Musa lan Elia.

Kaping sekawan:
Naliko Petrus dereng telas raos kabingan meniko lajeng wonten mego utawi awan ingkang mandap lajeng wonten suanten saking salebeting mego; Iki putraningSun, kekasihingSun, Kang damel renaning panggalihingSun, iku siro rungokno.
Inilah anak yang Kukasihi, kepadaNyalah Aku berkenan, dengarkanlah Dia.

Bapak-ibu-tuwin poro sederek ingkang kinasih,
Poro sekabatipun Gusti manggihi pengalaman ingkang luar biasa meniko, ingkang mboten saget saben tiyang nemahi pengalaman kados mekaten. Raos gumun, raos kabingahan, gesang salajengipun saget langkung semangat, awit pengalaman iman ingkang luar biasa meniko.

Mekaten ugi kaliyan gesang ingkang kito lampahi ing saben dinten, Kito ingkang sampun kajibah dados penderekipun Gusti menopo kita inggih asring manggihi pengalaman iman ingkang luar biasa kaliyan Gusti.

Sejatosipun wonten ing gesang sadinten-dinten kito tansah manggihi kamulyaning Gusti, kados ingkang dipun alami dening Petrus, nanging kito justru asring ingkang kito tingali sanes pasuryaning Gusti ingkang mencorong (Wajah Tuhan Yang menyalah terang), anaging justru kawontenan sekitar ingkang peteng (keadaan disekitar yang gelap).

Naliko gesang nemahi persoalan lajeng persoalan meniko justru ingkang kito gatos aken peteng sanget, kados-kados sampun mboten wonten jalan keluar maleh, sampun peteng dedet.
Kamongko Gusti caket sanget kalian kito nanging kito langkung mirsani ingkang peteng meniko.

Bapak-ibu-tuwin poro sederek ingkang kinasih,
Gusti meniko kebak kaliyan kamulyan, Gusti meniko Sang Pepadang,
Sedoyo reribet, sedoyo persoalan, sedoyo gegilutaning gesang menawi kito kersa mendeng pasuryaning Gusti, sanes petenging persoalan. Gusti temtunipun bade paring margi ingkang padang.

Sedoyo pakaryaning Gusti wonten ing gesang kito meniko mesti damel gumun lan damel kabingahan ingkang ageng dumateng gesang kito, ujer kito tansah namung mandeng dumateng Gusti Yesus kemawon, lan mboten mandenga agenging perkawis ingkang kito adepi.

Tansah kito pasrahaken sedoyo gesang kito dumateng Gusti, Gusti tansah paring margi ingkan padang dumateng kito.

Gusti amberkahi.
Amin

Oleh: Pdt Joko Hadi
GKJW Pesanggaran
embeumkm.com

Title: Kamulyaning Gusti Wonten ing Gesang
Permalink: https://gkjw.org/463-kamulyaning-gusti-wonten-ing-gesang/
Category: Renungan