Banyak Jalan Menuju Roma



road-junctions banyak jalan menuju roma, Gerakan Warga GKJW, UMKM GKJW.org

Waosan : YOKANAN 14: 1-14
Tema : BANYAK JALAN MENUJU ROMA

Ibu/bapak/para sedherek kekasihipun Gusti,
Dinten-dinten punika kula wonten ing jejibahan nyawisaken peladosan baptis kangge salah satunggaling warga calon. Pecawisan punika mawujud ing katekisasi warga calon. Sawetawis materi ing katekisasi punika magepokan kaliyan iman Kristen supados sedherek punika mangke saestu saged manteb ndherek Gusti. Awit tamtu diakeni awrat kangge sawetawis tiyang ingkang sampun dangu ngugemi satunggal kapitadosan, dene krana satunggal perkawis kedah pindah keyakinan/kapitadosan. Paribasan sampun dangu nggadhahi ugeman/cepengan lajeng kedah dumadakan gantos ugeman. Menawi boten manteb tamtu saged bingung. Menawi boten cetha motivasinipun tamtu saged miyar miyur lampahipun.

Para sekabatipun Gusti Yesus ugi nate ngraosaken perkawis bingung punika. Sampun dangu dados tiyang Yahudi kanthi mawerni-werni tradisi saking Kitab Toret, lajeng tepang Gusti Yesus ingkang rawuhipun nyampurna’aken Toret. Boten namung ing babagan wadhag, ananging ugi dipun ajak nyinaoni inti/isining Kapitadosan dumateng Sang Yehuwah, Allahipun Israel. Salah satunggiling kaelokan piwulangipun Gusti Yesus punika nalika ngajak para sekabat nyebat Sang Yehuwah Allah klayan sebat Sang Rama. Wonten ing tradisi agami Israel, boten umum menawi nyebat Yehuwah punika klayan Sang Rama. Kita tamtu emut perangan angger-angger sedasa perkawis ‘’sira aja nyebut nyawiyah asmaning Yehuwah Gusti Allahira’’. Pramila nalika Gusti Yesus dhawuh ‘’ing daleme Ramaku akeh panggonan’’ (ay.2) tamtu para sekabat bingung lan paring pitakenan ‘’Gusti, kawula mugi sami Paduka tedahi Sang Rama punika’’. (ay.8)

Kados irah-irahan renungan BANYAK JALAN MENUJU ROMA ingkang ngemu teges kathah cara utawi margi supados kita saged tumuju dateng kitha Roma. Istilah punika asring dipun ginaaken kangge nganggep bilih sedaya agami punika sami. Kathah margi (agami) supados saged tumuju dateng Gusti Allah. Leres! Ananging namung wonten satunggal margi kemawon menawi kepingin nganggep Gusti Allah punika kados dene Rama/tiyang sepuh kita. Marginipun namung mawi Gusti Yesus Kristus, Putranipun Allah. ‘’Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, menawa ora metu ing Aku’’. (ay.6) rawuhipun Gusti Yesus punika ngajak supados kita sageda celak lan rumaket kaliyan Gusti Allah kados dene anak kaliyan tiyang sepuhipun. Kados Gusti Yesus kaliyan Sang Rama. Celak rumaket ateges boten nyawiyah ananging kathi ajrih asih lan raos urmat kados dene kita ngajeni dumateng tiyang sepuh kita. Kapitadosan kanthi jalur KEKELUARGAAN ingkang kebak sih katresnan, namung wonten ing Gusti Yesus Kristus.

Berkah Tentrem rahayu saking Gusti kita Yesus Sang Kristus. Amin.

Pdt. Argo Daniel Satwiko, GKJW Bulusari

Title: Banyak Jalan Menuju Roma
Permalink: https://gkjw.org/35-banyak-jalan-menuju-roma/
Category: Renungan