Menuju Bujono Suci Pembangunan – Bagian 2



Menuju Bujono Suci Pembangunan - Bagian 2, Gerakan Warga GKJW, Gerakan Warga GKJW

Menuju Bujono Suci Pembangunan – Bagian 2

Salinan surat Driyo Mestoko yang saat itu ketua MA. Sebelum ditawan Kempetai Jepang.
—————————————–
Malang, 12 Desember 1941
Serat moegi katoer para
saderek PANDITA, RAAD PASAMOEWAN,
saha penglados sanesipoen ing
Gredja Kristen Djawi Wetan.

Pamoedji rahardja !
Sampoen tetela sapoenika kita para patoenggilanipoen Goesti ing tanah Djawi sami katoet katempoeh ing karibedan ageng ingkang djalaran Parentah ngriki kapeksa ngoendangaken perang kalijan bangsa Djepang.

Wadjib kita ing mangsa karibedan poenika: soemangga sangsaja melek lan roemantos, toemenga dateng Goesti ingkang angasta samoebarang ing alam donja. Ingkang perloe sampoen ngantos goegoep, samoekawis kedah katindahaken kados waoe-waoenipun kanti lerem.

Wontenipoen karibedan poenika tamtoe adamel langkoeng tanginipoen para saderek toemrap anggen kita pitados dateng Goesti kita. Ing mangsa mekaten soemangga sangsaja angraketi dateng ingkang koewasa paring pitoeloengan badan dalah njawa pisan, inggih poenika Goesti Jesoes.

Bokmenawi lelampahan poenika inggih bade moeroegaken pasamoewan ing ngriki boten angsal pitoeloengan malih woedjoed arta saking Zending, oetawi kirang tinimbang ingkang katemtokaken. Ingkang poenika moegi sampoen koewatos, malah sarana poenika sami poeroena ngetog kekijatan kita pijambak ing bab ngengeti dateng patoenggilan, sarana misoengsoengaken barang darbek saha tenaganipoen pisan !
Kalijan malih perloe anggemeni ing sakijat-kijatipoen.

Kita sami mrajogakaken : moegi para saderek pasamoewan ing mangsa mekaten tansah mantep ing pandongo, langkoeng prajogi dipoen wontenaken pandonga sesarengan, anjenjoewoen dateng Goesti, moegi kita sami dipoen kijataken ngambah djaman karibedan poenika, saha menawi kepareng moegi karsaa anjedakaken karibedan makaten poenika !

Pangandikanipoen Goesti ing Jesaja bab 33:1-2.
"Bilai kowe djoeroe panggempoer kang ora awit saka digempoer, kowe djoeroe panjidro kang ora awit saka panjidro, samasa wis rampoeng panggempoermoe kowe bakal digempoer, samasa wis rampoeng pandjidramoe noeli kowe bakal ditjidra. DOEH JEHOEWAH KAWOELA MOEGI TOEWAN PARINGI SIH RAHMAT. TOEWAN INGKANG KAWOELA ANTOS – ANTOS. TOEWAN MOEGI DADOSA KAROSANIPOEN OEMAT SABEN – SABEN ENDJING, SAHA DADOSA PANGENTASANIPOEN PARA KAWOELA ING DINTEN KARIBEDAN ".

Woesana salaming katresnan saking
pengladosing patoenggilan G, K, Dj. W.
Pangarsa M. A. : D. Mestaka.

Bagian: 1, 2, 3, 4, 5, 6, 7

Oleh: Hadiyanto
embeumkm.com

Title: Menuju Bujono Suci Pembangunan – Bagian 2
Permalink: https://gkjw.org/794-menuju-bujono-suci-pembangunan-bagian-2/
Category: Artikel