Gesang Migunani Tumrap Sesami



Gesang Migunani Tumrap Sesami GKJW

Bacaan : Matius 5: 13-20

Bapak ibu para sedherek ingkang binerkahan dening Gusti,
Wonten kata bijak ingkang nyebataken "Sebaik-baiknya manusia ialah yang bermanfaat bagi manusia yang lain" ukoro meniko ngemu teges bilih manungso ingkang kasebat "tiyang sae"/ orang baik meniko ingkang migunani tumrap sesami. Menawi ingkang murah senyum (inggih sae), santun (inggih sae), mboten neko-neko (inggih sae) … nanging sedoyo meniko kirang cekap menawi dereng migunani tumrap tiyang sanes.

Wonten ing Matius 5:13-16, Gusti Yesus maringi gegambaran, bilih para umat kagunganipun kados dene uyahing donya lan pepadhange jagad. Tegesipun, umat kagunganipun Gusti kedah migunani lan dados margining sih rahmat ing donya menika.

Kanthi mekaten, Gusti Yesus ngengetaken, sampun ngantos jati dhiri kang sae lan luhur boten maedahi ing donya menika. Umat kagunganipun Gusti sampun ngantos kecalan jati dhiri. Sak mesthinipun dados uyah kang asin, sak menika ilang asine. Sakmesthinipun dados pepadhange jagad, nanging malah kecalan sunaripun, mboten madangi margi tiyang sanes malah dados watu sandhungan ing sesaminipun. Menawi dados umat kagunganipun Gusti, kedah nindhakaken pigesangan karohanen boten namung ing cecaturan lan teori, ananging katindhakaken kanthi nyata ing pigesangan saben dinten. Jati dhiri dados umat kagunganipun Gusti Allah menika satunggaling kanugrahan ingkang ageng lan luhur sanget. Amargi dados umat timbalanipun Gusti karana sampun nampi lan mirengaken pawartos kabingahan, nggih menika Injil. Sok sinten ingkang pitados kanthi gumolonging manah, Gusti Yesus menika Gusti kang sinalib ing redi Golgota kangge nebus dosanipun, menika amargi pawartosipun Injil. Pitados kanthi gumolonging manah, lan nggetuni dosanipun, murugaken manungsa sumarah lan sumendhe ing Gusti Allah. Menika jati dhiri umat kagunganipun Gusti kang estu pitados.

Bapak ibu para sedherek kang binerkahan dening Gusti, pasinaon kangge kita sedaya nggih menika, kita angsal kanugrahan ageng sinebut putra-putranipun Gusti Allah, menika jati dhiri ingkang sae lan luhur sanget. Menawi kita ngakeni dados umat kagunganipun Gusti, sakmesthinipun tumindhak lan sipat kita kedah nuladha sipat lan watag-ipun Gusti Allah. Menawi Gusti Allah menika Gusti ingkang kebak sih palimirma lan welas asih, mesthinipun kita ugi tumindhak kanthi welas asih ing sesami. Menawi Gusti Allah menika asipat Suci lan luhur, sak mesthinipun kita ugi nindhakaken gesang kanthi tulus murni bab menopo kemawon.

Kita nindhakaken gesang kanthi jujur, sae lan leres, boten supados angsal pangalembana, boten supados kaanggep gadhah karohanen kang inggil, ananging amargi nuladha Gusti Allah ingkang dados sesembahan kita. Satemah gesang kita saged cundhuk kaliyan karsane Gusti lan saged dados lantarane berkah tumrap sesami.

Bapak ibu para sedherek kang binerkahan dening Gusti, kangge tekat kita sedaya, sumangga gesang kito meniko saget migunani kangge tiyang sanes. Tansah semangat anggen kita ngresepi lan budidaya nindhakaken sabdanipun Gusti, satemah gesang kita saged migunani lan dados lantarane berkah tumrap sesami. Gusti tansah mberkahi kita sedaya. Amin.

Oleh: Pdt Joko Hadi
GKJW Pesanggaran
embeumkm.com

Title: Gesang Migunani Tumrap Sesami
Permalink: https://gkjw.org/477-gesang-migunani-tumrap-sesami/
Category: Renungan