Kadiwasan



kadiwasan kedewasaan gkjw-kulit-orang-tua-dewasa

Waosan : YOKANAN 20 : 19 – 31
Tema : KADIWASAN

Ibu/bapak/sedherek kekasihipun Gusti,
Wonten satunggal metode pendidikan kangge para tiyang sepuh anggenipun nggulawentah anak. Ing metode punika bocah kaperang dados 3 (tigang) kelompok kategori adhedasar yuswanipun. Golongan ingkang sepisan ing umur 0-6 tahun, lajeng 7-12 tahun lan 13-18 tahun. Kangge lare umur 0-6 tahun perlu diperlakukan minangka Raja. Tegesipun punapa kemawon panyuwunanipun perlu dipun cekapi, punapa kemawon panyuwunanipun kedah dipun turuti. Menika perlu karana bayi/balita taksih dereng mandiri lan perlu pambiyantu. Nalika ngancik umur 7-12 tahun lare perlu diperlakukan minangka tawanan. Tegesipun tawanan inggih punika pihak ingkang taksih pikantuk perlindungan ananging ugi kenging kewajiban nindakaken tugas-tugas. Menika cunduk kaliyan wancinipun lare wiwit sekolah lan mulai sinau perkawis-perkawis enggal. Salajengipun nalika lare sampun ngancik yuswa remaja (13-18 tahun) wancinipun dianggep minangka mitra/sahabat. Tegesipun para tiyang sepuh mulai nganggep lare-lare remaja punika kados rencang ingkang perlu dipun gatosaken pamanggih/pendapatipun. Menawi sedaya proses punika saged kalampahan tamtu ndadosaken lare saged diwasa. Ananging menawi wonten proses/tahapan ingkang klentu tamtu saged nuwuhaken masalah. Contonipun sinaosa sampun diwasa ananging sikapipun taksih kados bocah ingkang tansah perlu dipun turuti sedaya panyuwunipun.

Waosan kita ing dinten punika ugi nggambaraken sikapipun para sekabatipun Gusti Yesus sasampunipun prastawa Paskah (wungunipun Gusti). Kados dene teori pendidikan anak ing inggil wau, para sekabat kaperang dados 2 (kalih) golongan. Golongan kapisan inggih punika watawis 10 (sedasa) sekabat jaler (minus Yudas ingkang sampun pejah nggantung lan Tomas) lan ugi bok bilih sawetawis para wanita muridipun Gusti. Dene golongan nomer kalih inggih punika Tomas piyambak kados ingkang kacariyosaken ing Yokanan 20: 24-29. Para sekabat ingkang kathah kagolong tawanan ingkang sami ajrih (Yok 20:19) dene Tomas kagolong raja krana nggadhahi panyuwunan khusus kepingin nyawang lan nyepeng tilas paku ing astanipun Gusti (Yok 20:25).

Sacara mirunggan mangga nggatosaken Tomas. Pitakenanipun, punapa lepat nggadhahi panyuwunan kados Tomas? Panyuwunan punika rak kangge ngantebaken iman kapitadosan? Wangsulanipun : sikap Tomas punika boten lepat ananging kirang diwasa! Ingkang dipun lampahi Tomas punika kados lare alit ingkang sagedipun namung nyuwun lan ngancam bakal mogok menawi panyuwunanipun boten katurutan. (aku ora bakal ngandel pisan-pisan – Yok 20: 25b) Prayoginipun, gesang ingkang diwasa punika saged nampi punapa kemawon sinaosa kahanan boten ideal lan saged nglajengaken gesang adedasar punapa kemawon ingkang wonten minangka peparingipun Gusti ingkang akarya gesang. Mila dhawuh pangandikanipun Gusti : Rahayu wong kang padha ora ndeleng, nanging kumandel. (Yok 20:29b)

Ibu/bapak/sedherek kekasihipun Gusti,
Kados pundi gesang kapitadosan kita samangke. Wonten ing posisi pundi kita sapunika? Taksih kados lare alit punapa sampun diwasa saestu? Samangke kita sedaya kaajak supados dados mitranipun Gusti Allah ingkang sami nggadhahi tanggel jawab. Sang Kristus paring dhawuh : ‘’Tentrem-rahayu ana ing kowe kabeh! Kaya anggonKu kautus dening Sang Rama, kowe saiki iya padha Dakkongkon.’’ (Yok 20: 21) supados saged diwasa pancen wonten prosesipun, boten saged dumadakan. Mangga sami dipun wiwiti klayan mangertos punapa ingkang dados tugas lan kewajibanipun. Salajengipun ugi saged urun rembug kangge kasaenan sesami. Kahanan samangke pancen boten ideal utawi boten cocog kaliyan pikajeng kita. Ananging tamtu sedaya punika wonten tujuan lan maksudipun inggih punika supados kita sansaya rumaket kaliyan Gusti Allah. Mila sampun ngantos nglokro, mangga tansah mbudidaya akal kawicaksanan peparingipun Gusti. Tamtu sedaya kapirsan dening Gusti, lan Gusti boten bakal nega’aken kita sedaya.

Berkah Tentrem rahayu saking Gusti tansah wontena ing kita sedaya. Amin.

Pdt. Argo Daniel Satwiko, GKJW Bulusari

Title: Kadiwasan
Permalink: https://gkjw.org/50-kadiwasan/
Category: Renungan