Swanten kang Leres



megaphone swanten kang leres, Gerakan Warga GKJW, UMKM GKJW.org

Waosan : YOKANAN 10 : 1 – 10
Tema : SWANTEN KANG LERES

Ibu/bapak/sedherek para kekasihipun Gusti,
Salah satunggaling tokoh pahlawan Indonesia ingkang nami Ki Hajar Dewantara nate paring piwulang kangge para murid Sekolah Taman Siswa bilih nakal itu boleh tapi bodoh itu jangan. Tegesipun ukara punika para siswa dipun keparenganaken nakal ananging boten kenging dados bocah bodho. Awit nakal punika saking unen-unen ‘’ana akal’’ ingkang tegesipun akal pikiranipun dipun budidaya supados saged mrantasi perkawis-perkawis ingkang awrat. Pancen ajaran punika mligi ing jaman perjuangan migunani sanget. Piwulang punika ndadosaken para siswa saged kreatif satemah saged mendukung perjuangan supados nagari Indonesia saged mardika.

Ananging wonten salah satunggaling pepalang/halangan ingkang saged damel tiyang punika dados bodho. Jalaran risakipun nalar nalika klentu anggenipun pados guru ingkang paring piwulang. Kados dene peribahasa : guru kencing berdiri, murid kencing berlari nyariosaken bilih punapa kemawon ingkang dipun tindakaken dening guru, punika ugi ingkang dipun tiru kaliyan muridipun. Mila bilai sanget menawi piwulangipun bab ala, tamtu ndadosaken murid sansaya mblasar lampahipun. Pitakenan salajengipun, kados pundi supados kita saged mangertos piwulang pundi ingkang leres?

Waosan kita dinten punika minangka piwulang khas Injil Yokanan ingkang remen miguna’aken gegambaran/metafora. Wonten ing waosan kita, Gusti Yesus kagambaraken minangka Juru Pangon kang utama. kautamanipun Gusti punika ketawis nalika kabandingaken kaliyan tumindakipun maling lan rampog ingkang kepingin ngrisak lan mejahi para menda. Dene Gusti Sang Pangon Utami paring gesang lan kaluberan berkah (ay.10) Supados para menda (minangka gambaran umatipun Allah) saged wilujeng prelu migatosaken swantenipun Sang Pangon (ay.3) lan boten prelu maelu swanten sanesipun (ay.5).

Migatosaken swanten/swara kang leres saking Sang Pangon dados kunci supados menda punika saged wilujeng lan boten nemahi kacilakan krana langkung migatosaken swantenipun maling lan rampog. Bok bilih bab bleger, wujudipun Pangon lan rampog saged kemawon sami utawi mirip. Ananging tamtu benten ing tumindak lan ugi wohing panggawe. Kados dene ingkang kaserat ing Injil Mateus 7:20 ‘’dadine wong-wong mau bakal katitik saka wohe’’. Punika njlentrehaken bilih wiwit saking niat, salajengipun proses lan pungkasanipun hasil menawi kalampahan sae lan leres tamtu bakal nuwuhaken hasil ingkang leres ugi.

Mekaten ugi ing babagan pendidikan, guru punika kados dene pangon. Nggadhahi tanggel jawab ageng kangge pigesangan murid ingkang dipun wulang. Profesi guru punika boten namung winates ing wilayah sekolahan kemawon. Saben kita ugi saged dados guru, ing brayat kita piyambak-piyambak, ing papan panyambut damel kita, wonten ing lingkungan kita, lsp. Kados dene istilah Guru = digugu lan ditiru, sanes wagu tur saru, punika ngemu teges bilih sak pocapan/swanten kita punika dados ukuran kangge kasaenan utawi malah ing karisakan. Sesarengan kaliyan swasana Hari Pendidikan Nasional saben 2 Mei punika, mangga kita sami nyengkuyung ing pandonga lan pakaryan kita kangge para guru. Nuladani Sang Guru Agung kita Gusti Yesus Kristus ingkang ugi minangka Pangen Kang Utami.
Gusti mberkahi kita sedaya. Amin.

Pdt. Argo Daniel Satwiko, GKJW Bulusari

Title: Swanten kang Leres
Permalink: https://gkjw.org/30-swanten-kang-leres/
Category: Renungan